Powered By Blogger

Minggu, 21 Februari 2021

22/2/21

*PELOK*

esuk-esuk
Melak melok
Nganggo rok
Awake montok

Pan mendi yu?
Ayu nemen sung!

Ehh kie kang, luruh duit go tuku sega. 

Ya wis mana.!


Karya Anjar. Kubangpari, 22/2/21

senin 22 /2/21

*YAKIN DUDU PUISI*

_Tak tiliki jam'e wis ning angka sewelas. Lampu -lampu ya wis pada dipateni. Sing mau hp ka moni bae klentang klenting, barang tak buka isi ne cetingan grup tok. Penasaran tak buka. . . . Eh, .jebule pada ngirim puisi. Tak wacani siji siji nganti klalen aku lagi nggodog emi_


Gaweane : anjar 
(Duwur Kasur, 21.2.21)

Jumat, 19 Februari 2021

kang wasmad

"KANG WASMAD BAKUL WEDUS"

Esuk-esuk kang wasmad wis ngedumel. Jare langi bengi weduse nganak loro tapi ilang kabeh. 

Kepriben kang ceritane? 

Kie njar, lagi bengi  jam loro aku  krungu ning kandang wedus grudag-grudug bae. Tak tiliki jebule nganak loro. 

Aku wis seneng weduse nganak. Barang esuk tak tiliki ning kandang ka langka. 

Setan alas ka pancen belis gundul .

(Kubangpari,19~2~2021)

mboten pareng

*MBOTEN PARENG*

Damelanipun : Anjar

Sanajan sliramu mboten katresnan marang kulo/

Kulo saged nrimo/

Sanajan sliramu ngendikan yen kulo mboten pantes ngge awakmu/

Kulo trimo./

Nanging tansah kedah eling nyimas./
Nek menungso kuwi nggadahi dungo/

Nduweni ati/
Nduweni roso/
Nduweni loro/

Yo, rumongso!!

(Cikandang,10.02.21. Ing kedaton ageng)

wong edan mangan aspal

*WONG EDAN MANGAN ASPAL*

Gawene : Anjar

Jujur bae aku ora tega karo wong edan sing ning kana/
Tiap esuk wira-wiri ngawa sega karo ngresula/

Kie negara merdeka?

Pasal pasal nina bobo sing ana ning undang undang/
Nyatane ora bisa nggawe wong cilik nyandang/

Koplok, pancen terlalu/
Sing nduwur foya foya/
Sing ngisor kedangdapan wetenge lara/

Edan.

(Cikandang 18/2/21 diatas springbed empuk)
JERAWAT

     Buat Wahyu A. 

Sore ini aku ingin bersyair. /
Walau tak seromantis Cahairil, /
walau tak se gelegar Sutardji./
Walau tak sesantun Abdul Hadi.//

Lihat pelangi itu,/ warnanya hampir hampir bercampur satu sama lain/
Tapi tidak dengan anganku yang terus tumbuh serupa jerawat dipipimu.//


(Pojok Kamar,18/2/21)
*BEHA NE YU MIRAH KONDOR*

Kaget sumpah!
Yakin kaget. .
Aku kaget nemen. 
Sumpah kaget.

Ora nyangka
Yakin ora nyangka
Sumpah ora nyangka

Jebule
yakin jebule
Pancen jebule


Yu mirah,  nguleg rujak
Karo mrutuk ng0m0ng jare lanange galak
Ora tau nei duit 

Aku tuku campur isin
Ndeleng yu mirah nguleg rujak karo nyusoni bocah
Beha ne kondor kawate njepat
Ndelengnane sampe ora kuat. 


(Cikandang, 18/02/2021 14:30 )

22/2/21

*PELOK* esuk-esuk Melak melok Nganggo rok Awake montok Pan mendi yu? Ayu nemen sung! Ehh kie kang, luruh duit go tuku sega.  Ya wis mana.! K...